Bocah Budhal Sekolah

Catatan : Aming Aminoedhin.

Bocah-bocah wis budhal sekolah maneh. Ora ana sing aneh, ora ana sing beda, tetep seragaman. Mung wae budhal esuk, mulih isih rada esuk, budhal rada awan mulih buyar dhuhuran.

Budhal sekolah maneh gawe bocah-bocah dadi bungah. Wis meh rong taun, sekolahe mung ana ngomah. Ora tau budhal sekolah, amarga omah lan sekolah wis dadi siji. Ora tau oleh sangu, amarga kudu tuku pulsa gawe online sekolahe. Kaya-kaya ora betah, sekolah kok mung ana omah wae.

Bocah-bocah polatane saiki wis padha katon sumringah, atine bungah olehe arep budhal sekolah. Oleh dhuwit sangu, bisa tuku jajan lan ora mung tuku pulsa iku. Bocahe budhal sekolah kanthi gumregah. Bungah.

Mojokerto, 6/10/2021

Catatan:
Foto sekadar ilustrasi