Ngaturaken Nembah Nuwun Dateng Panjenengan Rawuh Dateng Wilujengan Sraddha Nusantara HPK Kota Kediri

Rahayu
Wilujeng enjing
Keparengo kula matur ngarsa panjenengan sedoyo para sutresna budaya dalah penghayat kepercayaan, lan sedoyo panitia wonten ing pundi kemawon, kula pinangka pangarsa HPK Kota Kediri, ngaturaken matur nembah nuwun sanget dateng panjenengan sami ingkang sampun rawuh ugi hanyengkuyung adicara Wilujengan Sraddha Nuswantara ing tlatah Patirtan Lebak Tumpang, Candi Klothok, Guwa Selomangleng saget kalampahan kanti gancar gampil saestu mboten wonten rubedo punopo punopo kalis ing sambekala, lan mbok bilih wonten atur laduk kirang dugo ugi anggenipun caos pakurmatan arupi suguh dalah gupuhipun, ngaturaken sedoyo kalepatan ingkang tanpo upami, mugya labuh bekti kita kagem luhuring budoyo Nuswantoro sageta lestari widodo selaminya. Hong ulun basuki langgeng. Rahayu sagung dumadi.
Hormat saya,
Ketua DPK HPK Kota Kediri
Ttd
JOKO PTONO