Eling Leluhurmu Dewe

Dr.Ir. HADI PRAJOKO SH, MH Ketua HPK Pusat.

 

Ngajeni Leluhur,Nemu Rahayu

Apa bener,yen wong sing lali marang leluhuré uripe ora bakal wilujeng ?

Para pinisepuh Jawa Nuswantoro asring, wewarah luhur lan paring pepeling, “Sapa kang eling lan ngajeni leluhur,uripe bakal pinaringan rahayu, sapa sing iling lan waspodo bakal tinemu guru sejati, Urip sejati, sejati ne URIP.

Tegesipun,rahayu ora mung tentrem lahir,nanging uga tentrem batin,amarga ana sambungan rasa sejati antarane anak putu karo BOPO Biyunge, di Mbah nenek kakek moyange lan leluhur, minongko wujude getih, napas, nupus lan anupus, sumber kauripan LAN ka-tentremaning bhatin.

🌀 Leluhur Minangka Tali Rasa

Leluhur iku dudu mung crita dudu mung mitologi fiksi lawas sing mung ana ing buku sejarah utawa dongeng kampung, dongeng Padang pasir.

Leluhur iku tali rasa sing nyambungake kita karo sangkan paraning dumadi, nuju manunggaling Kawulo Gusti, Berbudi bawa laksana ANGGAYUH KASAMPURNANING URIP.

Wong Jawa percaya,saben tumindak anak putu bakal dadi bayangan kanggo para leluhur,lan sebaliké,berkah lan pepadhang leluhur uga bisa nuwuhake adem ayem tentrem ing anak putu.

Ngajeni leluhur ora ateges nyembah leluhur,nanging ngajeni warisan rasa,budi pekerti,lan piwulang luhur sing wis di tinggalake.

🌿 Carane Ngajeni Leluhur

Wong Jawa nduweni pirang-pirang cara kanggo ngajeni leluhur lan martabat sing sejatosipun luwih dhumateng makna batin, ritual’ jiwa’, tinimbang mung ritual lahir :

1. Eling lan Moco tetenger, asal muasal leluhur nya

Eling marang asma lan jasa para karo si-Mbah , kakek nenek moyang, leluhur.
Ndedonga kanggo nyuwun pengestu , berkah rahmat lan pangapunten kanggo Suksma sejati lan Gusti ingkang akaryo JAGAT, pengeran sing gawe Urip lan para leluhur.

2. Nglestarekake Piwulang Luhur

Nguri-uri pepeling kayata aja dumeh, aja rumangsa bisa,sepi ing pamrih rame ing gawe, Urip sak dhermo nglakoni Dharma…..
Piwulang iki dudu mung pitutur,nanging bekal urip sing ora luntur dening jangkaning jaman.

3. Nyekel Tradisi Kang Nyawiji karo Rasa lan bhatin.

Adat slametan, ruwatan, larungan, nyadran,utawa tahlil,sejatosipun minangka simbol rasa bekti marang leluhur.

Intiné yaiku nglantarake panuwun lan tresna,ora mung formalitas.

4. Urip Becik lan Bener

Cara paling utama ngajeni leluhur yaiku dadi anak putu sing becik,ora ngrusak nama, ora ngrusak alam jagat, apik sing wis di warisake, kudu di uri uri,
Urip sing lurus dadi tandha rasa syukur marang leluhur lan Gusti, ikumono Aji Sakamu Urip.

🌌 Hubungan getih, nafas, rogo lan Sukma Leluhur karo Anak Putu

Wong Jawa percaya, Sukma Ning leluhur isih ana sambungan rasa karo anak putu, minongko wujude napas lan getih sak kujur rogomu.

Nalika anak putu nglakuake kabecikan,leluhur krasa tentrem.

Nalika anak putu nglakoni ala,leluhur uga ora tentrem.

Iki dudu mung kapercayan,nanging pepeling , dawuh dawuh luhur kan suci, upaya anak putu eling lan ngati-ati saben tumindak.
Wong sing lali marang leluhuré gampang kesasar,amarga wis pedhot tali rasa.

🔮 Nemu Rahayu saka Leluhur

Ngajeni leluhur bisa nuwuhake rahasia rahayu sejagat , memayu Hayuning Bawono:

Rahayu lahir : urip luwih tentrem,rejeki luwih berkah kados banyu sumber.

Rahayu batin : ati luwih ayem, tentrem, seneng, guyub rukun ora gampang kagoda hawa nepsu.

Rahayu jagad : urip luwih harmonis karo alam,amarga leluhur ugi tansah ngajeni bumi,banyu,geni, angin, lan Cahyo ne srengenge minangka panguripan.

Wong Jawa – Nuswantoro lawas kuno makuno , Jo Mak jujo, yakin,sapa sing ngajeni leluhur bakal di ruwat saka sengkolo,amarga leluhur bakal dadi panyengkuyung batin kang ndherek nglindhungi.

🌟 Pepeling Leluhur

Ana unen-unen Jawa : “ Wong kang ora eling marang leluhuré,kaya wit kang ora ana oyoté ”.

Tegese,wong sing lali leluhur bakal gampang rubuh amarga ora nduweni pondhasan rasa.

Oyot iku leluhur.
Wit iku awak lan urip saiki.
Woh iku anak putu sing bakal nerusake.

Yen oyot ora di jaga,wit gampang garing.
Yen wit garing,ora bakal ngasilake woh sing manis.

✨ Panutup

Ngajeni leluhur dudu bab kuna sing wis ketinggalan jaman,nanging pepeling abadi sing ngancani urip saben dina, Urip nguripi, panguripan, sakjroning jagat.

Sapa sing ngajeni leluhur,sejatosipun uga ngajeni Gusti,amarga Gusti sing maringi leluhur minangka dalan kita dumadi.

⚡ “ Ngajeni leluhur,ngluhurake asal. Sapa sing eling marang asal,uripe bakal nemu rahayu nganti tekan pungkasan ”.

SANGKAN PARANING DUMADI-tetesing Wiji

Rahayu kamardikan

Dr Ir Hadi Prajoko SH MH