Nuwun

Oleh Syahriyanto.

Rinengga sinaring Surya cinandra resik ing Wardaya gilir Gumanti padhang tetrawangan ing wayah Ratri Arum pangruwating jiwa Winaya lekasing ati suci turune Nugraha jatining sedya hamung aksara tinata minangka duta bebeking manah hangaturaken puji konjuk ing ngarsaning Gusti hyang agung.

Hyang Bagaskara sampun kawuryan gumulung ing akasa, hanelahi jagad raya kanthi sorotipun ingkang hanglangut. Kadosdene Sang Bagaskara ingkang tansah padhang hanindakaken kuwajiban suci, semanten ugi panjenengan ingkang tansah setya tuhu angleluri budaya adiluhung warisan para leluhur kanthi tulus lan legawa.

Para kawula muda bangsa pikantuk begja kemayangan sewu lan hanggung mastuti dhateng panjenengan ingkang sampun kados dene Sang Wiku ingkang tansah hanggulawenthah para mudha mudhi bangsa ing margining kautaman. Pitutur luhur ingkang panjenengan wedharaken tamtu kados dene tuk sumber tirta kamandanu ingkang tansah mili, dados pangayoman tumrap para mudha ingkang ngangsu kawruh.

Kados puspita ingkang tansah mekar angambar arum, semanten ugi wewarah panjenengan bab budaya adiluhung tansah ngrembaka lan nuwuhaken wangi ing salebeting manah. Panjenengan sampun dados pralambang sejati tumrap leluri luhur ingkang kedah dipun uri-uri lan dipun lestarekaken .

Mugi-mugi Gusti Ingkang Maha Agung tansah maringi kasarasan lan kawilujengan dhumateng panjenengan. Kados dene Sang Hyang Candra ingkang tansah madhangi ratri, mugi cahyaning penggalih panjenengan ugi tansah lumintu anggenipun mulangaken ngelmu luhur dhateng para siswa.

Hanamung semanten atur panyengkuyung kula. Nyuwun lumunturing sih pangaksami menawi wonten tetembungan ingkang kirang mranani penggalih. Mugi panjenengan kersa paring berkah pangestu dhateng kula ingkang tansah ngaturaken pakurmatan.

Rahayu.

MaturNuwun