Ning Kutha Iki

Oleh : Maryono Surya Lelana.

 

Neng kutha iki
Dak biyaki lembar-lembar proposal pandadaran
Ora wengi ora awan

Neng kutha iki
Dak semak pitakonan mbaka pitakonan
Kang gawe ewuh anggonku wangsulan

Neng kutha iki
Dakbuka laptop lan daksentrong layar piterang
Ewadene isih surem kaya lampu taman

Neng kutha iki
Isih dakgegem kenceng ujaring simbok
Lamun jejering urip amung anut laku kang ginaris ing lakon

Neng kutha iki
Sakehing panggantha muga bakal tumeka