
_
Catatan Cak Bas Budayawan Surabaya.
Tan rinoso warso 2022 wis meh paripurno, mung kari sedina, mecaki dino mungkasi warsa, ora kraso yuswo mundhak tuwo.._
_Ananging tuwo iku nugroho, paringane Kang Moho Kuwoso, mugo” tansah diparingi rahayu widodo nir ing samikolo ora kurang sawiji opo…_
_Roso pangroso dipontho-pontho, endi sing becik lan endi sing olo, dadi panglimbanging roso sing apik diupokoro, sing ala ayo padho dibuwang supoyo ora dadi memolo…_
_Panyuwunku dadyo tuwo ,;uripo kang tetep miguno marang sapodho-podho, tansah pinaringan ayem tentrem kerto raharjo…_
_Raganiro bagas-waras, rasaniro bagyo mulyo, nganti oncating nyawo.._
*”SUGENG MANGAYUBAGYO WARSO ENGGAL 2023″*