Topeng

Oleh : Maryono Suryo Lelana.

Topengku dudu topengmu, awit ing waliking topeng kuwi daksimpen wewadi-wewadi kang sinandi.
Topengku dudu topengmu awit bareng lahire topeng Iki daktitipke sakehing puja puji lan mantram suci

Topengku dudu topengmu awit topeng iki wis lebur dadi siji klawan wadagku. Liwat mripat kiwi aku deleng padhange jagat

Liwat irung kuwi aku ngirup wangine donya lan kanthi tutuk kuwi dak tembangke tembang tembang katresnan.

Topengku dudu topengmu awit rupaku dudu rupamu, lakuku uga dudu lakumu
Topengku topeng sejati kang denukir Hyang Maha Suci , siniram sakeh pepuji, kinalungan roncen tasbih, binoreh tahlil lan tahmid.