
Blitar-menaramadinah.com-ORA ngira ORA nyana niat mung nglestareake budaya Parikan kok anruk bebungah. Dak pikir Yen mung uncal uncalan parikan wae, tibake kok dibiji.
Dilalah kersane Gusti parikan sing dak uncalke kok kapilih lima sing mungguhe pambiji apik LAN renaing penggalih. Bedug bedug ana paketan teka isine bebungah kang nuwuhake seneng atiku merga mung uncal uncalan parikan sinambi ngleluri budaya tibake bisa ditampa dening pambiji. Matur nuwun Gusti, matur nuwun biyung, matur nuwun kadang FPK Jawa Timur, matur nuwun para sesepuh pambiji matur nuwun kadang ‘Penggerak Budaya’.
Ajining diri saka lathi
Ajining raga saka busana
Ajining bangsa saka luhuring budaya.
Rahayu Rahayu Rahayu
