
*Assalamu alaikum wa rahmatullahi wa barakaatuh*
Kang mas mbakyu, lan para mitra sing sulitya ing warni,
Ambuka atur wilujeng enjing selamat pagi,
Mugo pujo puji lan panyuwun ing Gusti,
Entuk rida lan diijabahi
Kabeh kang kaesti iso dumadi,
Dina riyaya 1440 H wis arep teko,
Ora liwat aku nyuwun sepuro
Sakabehing luput lan dosa
Saka awakku opo dene sak keluarga
Mugo panjenengan sedaya
Kersa paring pangapuro.
Monggo podho dedonga,
Mugo2 kabeh kita sedaya,
Rahayu widada kalis ing rubeda,
Iso ketemu maneh wulan pasa.
Katrima anggone ngibadah,
Saka kabehing tumindak tansah barakah,
Antuk ridaning Gusti Kang Maha Kawasa,
Gayuh fitrah suci sejatining manungsa.
Mugo Gusti Ingkang Maha Kawasa,
Ngijabahi sedaya pandonga kawulo lan paduko sedaya.
Slamet ing donya tumekan ing janaloka
Sing eling lan waspada, memayu hayuning bawana
Tuku bolah ning dalan dhaha, yen ono salah sing gedhe pangapuro.
Nuwun nuwun, nedha nrima
Saking kawulo ing tlatah Kediri
SAMARI sekeluarga