
Oleh : Maryono Suryo Lelono.
Dhiajeng…
Srengenge wis ngglewang mangulon
Angin sore wiwit krasa atise
Siji mbaka siji anak kumudu jumangkah
netepi darmaning urib ngudi kang kaangkah
Dhiajeng…
Gedhe panuwunku
dene sliramu ngancani aku lumaku sadawaning wektu
Menthang gendhewa
Nggregem kenceng jemparing bebarengan
Nguntapake bocah-bocah ing madyaning bebrayan
Saiki mung aku lan sliramu
ing ngomah iki
gumuyu lan mesem ndeleng panguripan
Suwung
Gegojekan lan tukaran bocah bocah biyen
mung kari dongeng
kang ora isa ilang lan ora bisa neyeng
Kabeh isih kepatri ing ati
Dhiajeng…
Ing ngomah iki mung sliramu lan aku
nanging ora suwung
Awit isih ana bakal crita kang sambung sinambung