Dedungo Malem Kamardikan lan 10 Suro

 

Catatan Bayu Ho’ya.

Dedungo Malem Kamardikan lan 10 Suro: sobo sumber, sobo punden… Mugi² Gusti Allah ngridloni barokahi rejeki sederek² sak keluargo ingkang sami njagi alam ugi handarbeni lingkungan toya kewan tanduran lansakpiturute. Ugi mugi mboten barokahe rejeki tiyang² ingkang ngrusak alas, nyio² sumber, mulosoro kewan² tanduran lansakpiturute.

 

Sareng² Ngaturaken roso syukur kelawan mirahipun & lumebering Toya. Matur nuwun Gusti Allah, matur nuwun toya dumateng pengorbananipun kagem uripe manungso.

Ugi lobi² poro danyang, widodari, gendruwo, kuntilanak, demit tek²an, lan sederek²e supados sami² njagi Bumi Indonesia sareng² tiyang waras supados tebih saking Taliban, Qaedah, Hizbut Tahrir, Ikhwanul Muslimin, ISIS lansakpiturute poro geng syetan ngaku² agen pemerjuang Negoro Syariah, tiyang² mboten merdeka pikiran kaki tangan imperialis.

Indonesia rumah besar kebudayaan Nusantara & warga dunia, bukan milik satu golongan apapun. Ila hadroti sedoyoning makhluk Gusti Allah saking jagad Ler Kidul wetan ngantos Kilen, Al Fatihah…