Asmaradhana

ASMARADHANA
//Mangka dungkap Wulan Juni./
Aweh pemut bangsanira/
Reroncene sang hyang Manon )
Yekti kanggo titahira/
Asarira bung Karna/
Antuk Wahyuning hyang agung./
Ing purwaning Juni Candra//

// Gegebengan Pancasila/
Aweh tekening sung dharma/
Tetela dadya dhasare/
Hyang agung pupuse dharma/
Ora ninggal kmanungsan/
Teguh rukun Ngudi hayu/
Hayu tentreming ngagesang//

// Mijilipun sang apekik/
Aneng nenem Juni Surya/
Rinengkuh dening hyang Manon/
Yekti Wulan Juni uga/
Angudi kamardikan/
Ninggal bebuden kang luhur/
Ingkang dados dharmanira//

// Mangka saben Wulan Juni/
Aran wulane bung Karna/
Rahayu lampah arwahe/
Ywana jroning kasuwargan/
Arum angambar asma/
Nyata dadya pundhenipun/
Indonesia bangsa Mulya//

// Mugi sang hyang maha suci/
Asung kaswargan sampurna/
Rahayu lelabuhane/
Yekti paring kanugrahan/
Asih asuh Sanyata/
Nyata Nagri manggih hayu/
Ilang sagunging sukerta//