Katimbalan Sowan Ngarso Dalem Gusti Kangmas Andreas Edison

Blitar-menaramadinah.com-Kamis Kliwon, 29 April 2021 penj katimbalan sowan ngarsa dalem Gusti kang Maha Suci kangmas ANDREAS EDISON.

Asal suwung Bali ngasuwung mugya lampahipun sedulurku kangmas ANDREAS EDISON nuju kaswargan jati lepas parane jembar kubure padhang dalane karengkuh sih katresnan ing Gusti kang maha suci.

Labuh labet penj ING Babagan kabudayan mugya angentheng ngenthenake sowan penj marang ngarsane Gusti kang Maha Suci. Sugeng tindak kangmas.

Minangkani pribadhi, kaluwarga, paguyuban, padhepokan Saha sanggar ngaturaken inalillahi wa Inna ilaihi Raji’un. Nderek bela sungkawa mugya kaluwarga tansah tatag tegen teguh guyub rukun. Tansah manggih kawilujengan karahayon Awit sih katresnaning Gusti kang maha suci Amin.

Maryani Gatot