Klepon Dudu Thiwul

Oleh : Aming Aminoedhin

Apa wis mbok pikir olehmu omong, soal klepon kuwi? Jaman sarwa cepet omongan kudune bisa diampet. Ora mung kojah kanthi nggladrah. Nganti sapa wae melu kojah.

Ana uga pawongan ngunggah gambar klepon dikupluki. Apa ora malah dadi lucu ana jagat iki. Ana maneh sing kandha saiki klepon munggah pamor, tekan jagate mall lan plasa.

Donyane pancen wis akeh manungsa omongane nggladrah, mung jajanan klepon bisa dadi viral. Liya dina bisa omong thiwul, supaya jenenge uga
melu mumbul. Thiwul dadi kesuwur.

Mojokerto, 22/7/2020

Catatan:
Foto sekedar ilustrasi