Sejarah Paguyuban Murti Tomo Waskito Tunggal

 

Sara silah Paguyuban Murti Tomo Waskito tunggal
Romo R.M Soewono dipun lahiraken ing tanggal 2 Pebruari 1882 tahun Masehi utawi tanggal 5 Rabingulakhir tahun Alip 1811 wuku Galungan wonten ing Sragen Sala ( Jawi Tengah ).

1. Romo R.M Soewono putranipun R.M. Martodiepoero ( Ramanipun ).
2. R.M. Martodiepoero putranipun R.M. Padmodirjo ( Eyangipun ).
3. R.M. Padmodirjo putranipun Bandoro R.M Tumenggung Aryo Suryokusumo ( Buyut).
4. R.M Tumenggung Aryo Suryokusumo putranipun R.M. Said, Kanjeng Gusti Mangkunegara ingkang sapisan (kawitan) Inggih Pangeran Samber Nyowo.

Romo R.M. Soewono wekdal yuswo 7 wulan sampun katilar sedo ingkang ramanipun, lajeng kagulawentah dening ingkang ibu, ngantos akir dewoso.

Wonten ing tahun Masehi 1911 Romo R.M Soewono dados punggawaning negari, ngasto damel wonten ing pegantosan. Inggih ing wekdal menika Romo R.M Soewono ambabaraken saha nyebaraken kaweruh Murti Tomo Waskito Tunggal Kawiwitan saha kapungkasan kasebat ing ngandap punika.
1. Daerah Tuban ing tahun 1911 – 1913.
2. Daerah Godong, Purwodadi, Demak 1913 – 1919.
3. Daerah Purworejo, Plaosan, Ngamping 1919 – 1921.
4. Daerah Mosowilangun Lumajang 1921 – 1926.
5. Daerah Gurah Kediri, 1926 – 1927.
6. Daerah Nglegok, Blitar 1927 – 1928.
7. Pungkasan wonten ing daerah Bangkalan, Madura ing tahun 1928 – 1930.

WAJIBING WARGO MURTI TOMO WASKITO TUNGGAL

1. Ojo pisan-pisan duwe niyat ngrusak culika utowo cidra marang sedulurmu.
2. Yen ono sadulurmu nemu pakewuh utowo kasusahan pada beloha sungkowo lan tulungano saperlune, senadian rupo bau-suku, piwulang, pikiran, kawruh utowo kabisan, malah yen perlu banget, tulungono sapanduman rojodarbekmu. Sakabehing pitulungan mau, kudu kelawan rila lan sucining ati lan maneh ora cukup mung sapisan bae, nanging yen perlu kudu maneh – maneh kongsi sakpantese.
3. Ojo birahi goroh lan ojo takabur (jubria).
4. Ojo milikan sadengah kang ora kalal.
5. Ojo golek dadahaning prakoro.
6. Ojo anjarak ngambah ing dedalan kang ora utomo.

Samanten keterangan sara silahipun Romo R.M. Soewono tuwin pembabar saha penyebaring kawruh Murti Tomo Waskito Tunggal.

Rahayu..

Sumber : Buku Catetan Ringkes Wirid.

Totok Budiantoro

Koresponden MM.com.

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *