Indonesia Ibarat Cuilane Surgo

Jember-menara madinah.com-Jare kancaku Indonesia iki ibarat cuilane suargo. Lha piye, reunian tiap tahun bisa dengan gembira, arep ngomong sa’enak udele dhewe bebas. Yen ditangkep utawa diadili, sing salah sing nangkep. Arep pesen soto, porsi separo yo oleh. Kaya ngene iki ora ono nyang nggon liyo.

Arep numpak angkot, nyegat sak nggon-nggon yo entuk. Mudhun yo sakpenake. Mancing yo bebas, ora perlu surat keterangan memancing. Numpak kendaraan ora nduwe SIM yo keno. Nganggo motor boncengan wong telu, karo nyangking pitik ya entuk…

Nggolek welut nganggo setrum utawa nganggo endrin yo bebas. Mbuka warung nang pinggir ndalan yo gampang. Nutup dalan kanggo ewoh mantenan utawa sunatan ya entuk…terus muter dhangdhut swarane banter banget nganti nyang jantung kaya gogrok ya bebas…

Jajal nang negara liya, Arab Saudi, arep demo, gulumu iso tugel. Nyang Jepang, pajak mobil oo… sak ndhayak pajeke, wong dikongkon numpak sepur, kudu nganggo mlaku. Nyang Singapur mbuang sampah sembarangan didenda. Nyang kene saben ndina ngiseni kali nganggo sampah ya umum..

Nyang kene nduwe bojo 2, 3, 4, 10 ….bebas. Ora ono sing ngutak atik, paling pol bojo tuwo. Nyang negara maju, weleh repot… Nang kene kawin kontrak ya iso…ning aku rung nyoba sih…

Malah ana sing takon “pak kalau tidur aturan agamanya pakai CD, berlapis atau tidak pakai?” ya tak jawab.. Gusti Allah ora ngurusi CD.

Dodolan panganan ora sah ijin, nggawe roti, nggawe pempek, bebas. Didol ra perlu sertifikasi utawa label. Nggawe bakso saka tikus utawa daging kucing ya rapopo. Sing tuku ora ngerti… Malah ana mangan nang warung mbayar mburi, ngebon dhisik….jian iki jos tenan…..
Yen ora nduwe duit, nggawa sempritan nyang protelon dalan, iso dadi pengatur lalu lintas…entuk saweran….
Utowo munggah bis nggawa ecrek2…nyanyi telung kecap..entuk duit ……

Pengen mangan enak.. gampang… modal batik sepatu resik karo amplop kosong… iso mangan enak tur wareg neng kondangan…

Lagi numpak motor-udhug…kebelet nguyuh..ora ono toilet, iso mlipir-mlipir nguyuh nyang suwalike wit-witan…karo mripat kriyip-kriyip…

Sekolah ora nganggo kuliah langsung entuk ijazah ya ono.
Kuliah ujian diganti reuni ….ya ono. Numpak montor mabur tarip murah ya ono, ning sok-sok didelay nganti 3 jam…biasa..

Mantan koruptor dadi anggota DPR, akeh tunggale. Bebas tenan. Koruptor difoto cengengesan ya akeh.
Bar sing lanang dadi bupati, bojone neruske dadi bupati ya ono. Bar kuwi diteruske anake, ya ono. Ketua partai dadi ketua DPD ya iso, Ketua partai rangkep dadi menteri yo iso… nyang negara liya angel nggolek tunggale. Rangkap jabatan, enuak tenan. Dadi gubernur tetep nyambi dadi ketua PSSI ya ora isin….

Dadi ustadz ya gampang…apal ayat sithik terus bengok-bengok, akeh sing seneng…senajan kelakuane ya mbuh ora nggenah..ning ya payu…

Lha ngelingi ngono kuwi, mbok ya padha dijaga ketertiban, kerukunan, katentreman negara iki.
Aja malah nggolek suargo liya meneh..ubyang ubyung, grudag-grudug…bengak-bengok ra karuan….kandani oq..mendhing sepedaan, nandur sayur na kebon, nggawe roti, gitaran, ngopi, klekaran, leyeh-leyeh, nyapu, umbah-umbah, resik-resik,ngelap montor, nglangi, ciblon, nyoto…iku malah suargo tenan…iya utawa kelonan ya rapopo….karo guling opo bantal…

Wis tooo…..suwargo sing paling nyoto yo neng Indonesia kene…. Nikmat opo meneh sing arep mbok golekā€™i?

Totok Andhikaraya

Koresponden MM.com