Mbulan Ndadari

 

Katresnanmu kang tansah
nuwuhake rasa pangurip
Sumebar ono ing sajeroning raga
Lumeber ono sajeroning jiwo

Duh kangmas gegayuting ati
Rasa kang tansah tinandur
Bebarengan lumakune wektu

Ing rino tekane wengi
Sliramu tansah sinebut
Sliramu kang tansah nuntun laku
Marang kasunyatan

Ing mongso wengi Iki
Naliko mego wus lungo
Yo mung sliramu kang tak anti-anti

Duh kangmas
Wengi Iki bulane ndadari
Koyo tahun tahun wingi

Kediri, 16 Juli 2020

Nining Niswati