Tobong

Tobong

Kelir-kelir iku wus kusem
Kadya kuseme nasib ing jaman kang ana
Ing antarane alas metropolitan
Itungan driji kang isih paring kawigatosan

Panggung-panggung iku wus lunga
Keli silem ing madyane sepi lan kuwasa
Pasuryan-pasuryan sansaya tuwa
Ngenteni pagelaran kanthi karanta-ranta

Umur pangangen-angen namung itungan dina
Sirna ilang dadi memedi-memedi sonyaruri
Pagupon omah dara wus kelangan pangaji-aji
Kadya mangsane wayah nundung angkara negari

Lan saiki…..
Tobong-tobong iku wus dibungkar
Antarane luwene raga lan warisan budaya
Tan ana uga pilihan kanggo paring upakara

Foto : Ludruk Irama Budaya Sinar Nusantara pimp. Bapa Deden Irawan